Kamis, 23 Desember 2010

ONO WELAS....


krida kartikaning para luhur
wiji lima nigan welas
witing pitu kawit ratu
karta reja raharjaning sura

bale wismane winasis lan waskita
paran juris palwaga ugi
azyem tentrem gemah ripah
sajuru-juru angalangut anglam-lami

kapi dereng sami andon asmara
lumban catur bocong pengkeran
sumedya jarah rayah datan karti
sagoni bedah bersae wutah

kalamun piniji angsal titah
kebat klepat rikat kraman
kasusilan amung kekembangan
wadi gati pra wicaksana
ambeg jaja dastan kandha

pangayom pangayeme sudarmane titah
jalma sawantah ngemut gotrah
priyangga amung janma legena
mugi katur paring ngapura
kardi wuragil pamungkas karya

agustus 2010

Tidak ada komentar: