Sabtu, 29 Januari 2011

kasmaran...mring Ani....

kidung asmarane keronto-ronto,
amung rasa tanpa raga,
kinarya japa datan mantra,
kridaning janma legena lena,
rinakit krana ketaman asmara,
mring wanodya kang sulistya,
temah lejar manah lega,
kadyo siniram banyu towo,
mugi-mugi ndhika kersa paring usada...
mring kang nandang bronto..
KARDI WURAGIL pamungkas karya

kidunganku An.....

kidung wuyung kadang moyang,
cinatur catur gembremeng rengeng-rengeng,
tanpa titi tanpa laras,
lirih perih rasa dada,
nora krasa kembenging netra,
kagawa lara laraning bronto,
sanadyan sliramu agawe lara...!!!
sliramu tetep sing ndak tresna !!!!!!!!

An ? besertamu...

bersamamu aku ada,
tanpamu aku tiada,
denganmu aku cinta,
denganmu aku tersiksa,
sertamu aku bahagia,
sertamu aku merana,
namun kehilanganmu adalah derita...

An.....coba kau rasakan bila.....

nalika wus mongsone teka,
janma ketaman panahe asmara,
nora karasa dadi wisa,
tan senggang tanpa usada,
lamun tombo-tambaning sayekti,
aneng diri pribadi.....
uga kuat lan santosone sing nampani...
tiwas-tiwas malah nemahi bilahi........??!!

Ani Murd......sliramu.......

aku wus nora bisa apa-apa,
bisaku amung ngelus dada,
ra bisa uwal.....
ra bisa lunga....
saka bebaya......?
di sulaya lan di wada,
kanyatan kabeh seneng....
yen aku legena.....
kalebu sliramu uga......???!!!