Senin, 21 Februari 2011

amung sliramu......... ANI....?

perak esuk tanpa gelo
wungu sare adang sego
nora lali sholat subuh wus kulino
patuladane wanita utama,
nulat ibu ugi rama
bubar siram macak matut ngarep kaca
sisir jungkat noto rekma
datan kantun makromahe wus sumadya
ugi buku kitab sampun rapi tinata
enggal budal tindak makarya
nitih motor pamit marang wong tua
"bu' pak aku mangkat kerja"
wah katon demenake banget.....?
sanadyan amung dadi panggulowentahe bocah
lumebet sasana wus katon meriah
"selamat pagi ibu guru"
ing driya rasa bombong lan bungah
jam sedasa tata-tata badhe kondur
ngaso sawetawis kagem otot bayu sami kendur
wangsulipun nitih motor alon-alon
mampir peken pados bumbon
wah repot tenan dadi wong wadon
niki anamung guyon ampun dados lakon
ageng samudra pangaksamimring wak mami
mugi damel panase ati
lha' inggih makaten tho mbak.....
maharANI haMURti DYAh heNING SIH
KARDI WURAGIL pamungkase karya
sumunare CAHYO PRAlambang meMUJI RAHMANe jawoTO


kekidungane kadhang kidung wuyung
kinaryo sih karana suwung
binarung rasaning driya taksih bingung
nganti kari lulang karo balung
karana kasmaran kepati-pati
supe pribadi kang sayekti.....


ratri ngancik tengah wengi
pedute isih katon ireng
sanadyan riwis-riwis nora nate kandek
peteng ndedet sepi lelimengan
angalangut tanpa swara
amung keprungu tetesing banyu
kekesing hawa sinangsayeng maruto
anambah tintriming swasana
yen sinawang koyo jaman duk samana
ananing sentir lengo potro
nylamur-nylamur gegendingan asmaradana
agawe regenge swasana
pinangka usada pungkasane tamba
ratri ngancik tengah wengi
riwise samsoyo deres
kahanane dadi tambah miris

Selasa, 08 Februari 2011

DALAN SUCI

yekti mardi siwi iku abot den nglampai,
nora amung ngaji bekti marang HYANG WIDI,
darma derma marang sami ojo lali
uga buwana sak isine iki,
ojo demen ngrusak ngrasuk kareben entuk,
ojo demen umuk malah mabuk,
karma kala bakale pethuk,
sira nora bisa selak sanadyan ngelak,
mardi siwi dalan suci,
mugi anthuk palilahing gusti,
WALA HAULLA WALA QUATA ILLA BILLAHI
iki krentek kalbu tanpa isi,
muga-muga bisa migunANI,
MURDYA weNING kaSIH,
sumunare CAHYO PRAlambange janma meMUJI peparingan RAHMANne jawoTO

asmara

sekar asmara lair soko rasa,
rasa manah rasaning driya,
kareben lega sumpeke dada,
lego-legANIng iki nyawa,
kaslaMUR sanaDYANING maSIH karasa,
KARDI WURAGIL pamungkas karya