Jumat, 12 Agustus 2011

SUGIH

sepo sepaning sesepan sepah,
ngasepah semeleh karana sepuh,
ngasepuh seserapane ngudi kawruh,
ngawruh weruh ilening warih,
ngarih-arih tan gawe galih,
menggalih nora gadah pamrih,
amrih becik uga resik,
reresik e sukma lan raga,
ngaraga lakune kareben mulyo,
kamulyan e nora sugih bondo,
bebandane sedulur uga konco...

Selasa, 02 Agustus 2011

dik MENTHUL

Tembange sekar kidung katresnan,
titilarase nglaras rasa,
anglelipur buneke kalbu,
ing satengahe ngara-ara,
sepi....kasepen jati

suwung ing tengahe kluwung
mbambung rinante petenge mendung
ngadang-adang ngawe kadhang
peparinge mawa angah-angah
janma kakala malah bungah