Wedharing wyata mirid gempilaning piwucal
Aji Pamasa
ASMARADANA
76. Tanasing janma utami, ingkang tumrah
gesangira, mring pakeken datan andor, ngugemi sagung wiyata, winedhar
sang twijara, mahnani gancaring laku, linepat salir rencana.
77. Aywa nganti atatawing, ngandelken
kadang sentana, dupèh maksih dharah dhéwé, nanging pasemoning nitya, tan
kénging pinitaya, rongèh jlalatan ing semu, tan pantes sinung kawiryan.
78. Dyan kadang lamun tan becik, nora
untung rinaketan, bisa dadi kajalomprong, angajak-ajak sangsara, tiwas
tuwas wuntatnya, wasna kaduwung ing kalbu, nanantya datan piguna.
79. Ruruh rentahing andani, pinaringken
ring sasama, kang amiji karsèng Katong, tuturasing kretiyasa, pantes dèn
pedakana, tulakang dadya babayu, kukuwating anggyanira.
80. Saking pasemon wus kèksi, wawantuning
taluwanwa, remen narajang papakon, polah-tingkah sarawéyan, tan jetmika
ing budya, gumuyu rasan sarwa sru, raos lingsem datan darbya.
81. Boten wurung tumut isin, winirang
lampah dursila, nir kretyawan datan kalok, kèmbèt awoning sentana,
murang kèhing pranata, kawurya tilar talutuh, temah angundhuh cintraka.
82. Alelengis sarwi rukmi, busana mawa
lengkawa, pambeg ladak lumuh anor, rumaos trahing kusuma, pantes
sinudarsana, iku wateké wong kumprung, kapengkok nora sembada.
83. Lamun ngrentahken paparing, kukucah
gung kamirahan, jroning tyas adil kang dumon, nora mawang béda-béda,
dharah punapi liya, piniji ingkang tuwajuh, bangkit angéntasken karya.
84. Lumingling sagung kajatin, datan
kalèntu garjita, patitis salir pepunton, nora kawuh ing pangrasa, tulya
kujanapapa, sung kawiryan maring bandhu, mongka lengka twasanira.
85. Dyan sanès darbé kawanin, tangginas
ngrampungi karya, lumrah pinaring pambombong, sokur bagé linubèran,
sarna donya sosoba, swawara asih sawegung, kadang konang binucala.
86. Ywa karya tyasing lyan kanin, wit
paparing tan warata, pilih-pilih ingkang kanon, singa celak kang
kadrasa, tebih nora tinenga, iku patrapé wong pengung, ngembrah dadi
taluwanwa.
87. Sumimpanga king durniti, dumarusa
myang diggama, bubujeng pamurih kalok, kakadang dinadya bala, asanès
winiruda, daridya undhuhanipun, pawingking manggih katala.
88. Kalamun datan sawawi, bisa mengku
saniskara, manah rupak nora kamot, teges sanès trah ngawirya, becik
lamun rumasa, ngembat wisésa tan saguh, milaur mundur kéwala.
89. Dipun émut aja dumi, lagya darbé
pangawasa, dériti marang sakèhing wong, nanging sanak- kadangira, dèn
papanken ing ngarsa, mongka tan pengkuh ing kéwuh, makarya nora kawaba.
90. Tilingna ning ing kawathi, patitis
pamawasira, gatosna ingkang sayektos, lamun paparing wisésa, aywa mawang
sentana, kawanin suba tan sengkung, iku dinadya pramoda.
91. Kathah-kathahipun janmi, twasa
kalimput dureta, wuru dhumateng pangwaos, mumpung maksih amisésa, morang
sakèhing tata, sanak-kadang mitra-karuh, linenggahken papan éca.
93. Lagya kalampah samangkin, ing jaman
kala katwara, mundhak-mundhak ing pakéwoh, néréndra nir ring sudarsa,
bucal lampah tatakya, rèh praja déning babandhu, tilar warahing
pujangga.
94. Darbéning lyan dèn talappi, kasereng
nunten kawirya, sareng sentana sapunton, sarujuk jajarah samya, daruti
semunira, tan béda bebegal lamun, naracak miwah ngrabasa.
95. Èwon-èwoning wong drengki, guyub
ngambah durniminta, sugal diksura dèn soroh, sakadang cepeng wisésa,
praja dadya puwara, garwakara sugih galu, kang nandhang wong sanagara.
96. Ywan wus kukumpul nyawiji, dundum
brana duratmaka, béda apa tiyang awon, suka-suka sagendhingnya, nétra
kawuh tan menga, suthik wruh roganing manu, tinengen mung kasukannya.
97. Dudu patraping wong singgih, mirungga
maring sentana, mawang kadang lamun andon, suka dalajat pangkatnya,
tanpa panitipriksa, kang winiyat dupèh bandhu, sanadyan sisipat dura.
98. Lamun mangsa kala dugi, jugar
tataning puraya, gesang saraga wah kasor, drasa kaleban kasmala, kawurya
dadya ura, ririsak datarpa duwus, katala katiwang marga.
99. Mring sasama gardhawari, aywa
pilih-pilih jalma, sadaya titahing Manon, datan remen karya pringga,
nging pinurih énaka, kasaénan amemengku, kawaba nandukken dardya.
100. Lamun becik mring sawiji, mongka
gething dhateng liya, iku winih ingkang awon, remen anyelir sentana,
mring asanès durcara, raos mèri ingkang thukul, tulakang panèn kasmala.
101. Nandukna bebener ugi, boten kénging
kawa-kawa, tan mingkuh saking wawaton, miling-miling dupèh mitra,
lilingen kang prakara, linimbang-limbang satuhu, kanthi lungiting
pangrasa.
102. Nadyan tedhaking acedhis, nanging
bener pratikelnya, pantes kalamun linakon, kosok wangsul dyan sentana,
nging kasingsal ing budya, tinurut temah kalintu, nyimpang margining
utama.
103. Mlarat donya datan pasti, asor ing
bubudènira, makatena tiyang kalok, tan wastu luhur ing nala, becik lamun
saranta, tinaliti kanthi turut, patitis pamawasira.
104. Pétanana kang priyatni, pundi
titiyang pranamya, pratingkahipun tan parnoh, paraya anteng garjita,
prayoga purugana, nora krana maksih bandhu, nging pradana pangawruhnya.
105. Miyat sudraning sasami, marma manah
tinarbuka, thukul welas tan pitakon, maksih kèmbèt apa liya, iku nora
prayoga, becik legawa tutulung, lila mardawa ing budya.
106. Wageda dadya palupi, jumbuh turasing
ngawirya, nuhoni jejeging pakon, papakeming puruhita, janma
paramatatya, madhangi kang puru-puru, ngruwat sanggyaning piroga.
107. Lakon jaman kalasrenggi, trékahé
tiyang candhala, kadi réwanda saranggon, gendhon rukon tindak dhusta,
tan ana jrih duraka, ywan lepat tutup tinutup, pinurih tan kawistara.
108. Wus sinerat jro pepesthi, tekané
jaman drubiksa, nora maèlu piawon, sanak kadang dalah yoga, wuru
kayungyun arta, wengis mamalak ing pémut, suthik nilingken wasita.
109. Mengker mangsa danawa ji, maksih
tilar wawantunya, tan gampil luntur winasoh, santun ingkang baureksa,
tindakira tan béda, srakah kethaha lestantun, ngungumbar saliting hawa.
110. Saking iring wétan semi,
muncar-muncar poladannya, nging paéka kang dèn gémbol, ngimpun- impun
sanggya mitra, sarana suka purba, cinegah lumawan sampun, ngogak-ogak
pangu-wasa.
111. Kinarya kudhung agami, mangka
wawaton dèn prusa, iku nyanyadhang pakéwoh, kang nunggil winastan bala,
béda dèn anggep mala, temah puraya tan wèstu, dredah bangsa padha
bangsa.
112. Tyang pengung mangrèh nagari,
tindakipun dumarusa, nora jejeg mring wawaton, wit tan jajag rèh
waskitha, mung bubujung hartaka, kaleng-gahan miwah dhatu, tilar
waspaosing prana.
113. Pasemonnya ladak edir, mangathik
kadang myang mitra, lirwa wisiking Hyang Manon, supé harjaning kawula,
remen lamun pinuja, pangiring samya anglulu, pamrih antuk kang dèn
sedya.
114. Pungkasing jaman dériti, lamun
bénjang ana janma, mijil saking jro wewengkon, sudarpa asidikara, wadana
ning susmaya, tan mawang kadang satuhu, adil tuwin paramarta.
115. Tyang kang mlarat datan langking,
sugih tan mangéran bandha, migati mring sakèhing wong, suthik nenengen
sudara, adil sagung prakara, tebih mélik cegah napsu, mungkul mring
Hyang Widi-wasa.
116. Wus tan kapéncut ing daging, alus
sakelangkung lembat, agal donya datan kamot, sasat Pangéran maraga,
ngrucat salir angkara, jro riribed sonya tuhu, pupuja ngéntasi karya.
117. Meleng gilig kang dèn udi, harjaning
rastala samya, datan kasengsem pambombong, kang damel rupaking jangka,
nora mangathik jana, priha tindak tan kalintu, lepat boten kawistara.
118. Dungkap pungkasing wigati, wawarah
mangrèh puraya, mirid karsaning Hyang Katong, sinambet wedharing weca,
gelaring tanah Jawa, dyan mung samrica binubut, pantang lamun dèn
badala.
119. Sinuprih tan morang margi, uwal
saking lenging widya, suka pémut mring kang mirong, nyinyingkur aji
pamasa, angedirken pangwasa, jinugag lingkabing wahyu, sambet wyataning
twijara.
120. Piwucal catur puniki, prakawis mèt
donya brana, kalayan angudi wadon, gegaran wenang misésa, tan luput
ginayuha, mring panguwaos gumendhung, sapa wani mancasana.
121. Asring dadya ciri wanci, ingkang
lagya amisésa, pongah awawatak rimong, nubruk buron ingkang ringkya,
minongka tatadhahnya, makaten tyang alit iku, dèn mangsa nora suwala.
122. Menggah lengkeping kintaki, kacetha
pupuh lajengnya, rinumpaka sekar Sinom, dyan kawedhar sakadarnya, manut
gaduking nala, paripaos timun wungkuk, kinarya imbet kéwala.