Minggu, 26 Februari 2012





GEGANTILAN ing ATI

taman sari karang menang
kayom witing jambe yo witing PUCANG
hayom hayem karem sinawang
katon wening tirtane SENDANG
nora lamis iku kang sayekti
yen digunggung amung saketi
pancen edhi anglamlami
ngatonake kaMURYARYANe nagari
kinarya KARDIne pra winasis
kaEKA NAWAla DESTYAning raTRI
karana pamujine mring gusti
memper kasuwargane sang dewi
yo maharANI haMURti DYAh heNING SIH

Selasa, 07 Februari 2012

PRAKARA
prakara kang dadi prahara
sanadyan cilik bisa ngambra-ambra
karana lathi tumekane pati
amarga lambe dadi gawe
janma iku tinitah linuwih
amung mangsa kala kadyo sato
malah kapara angungkuli

ono candake.........