Selasa, 06 Maret 2012

KEKES ing KALBU

ratri tengah ing ndhalu
sepi hawa sepa ing kalbu
riwis-riwis udan gerimis
hanenambah rasaning miris
ngakeb-akeb mbakone klembak
pinangka japa ati kang babak
ratri tengah ing wengi
riwis-riwis durung kersa mari
samsaya kekes samsaya deres
rasane kalbu tambah ngeres.....

Tidak ada komentar: