Kamis, 13 September 2012

bait-bait

ngaturaken wilujeng sonten......
klapa degan digawe santen
legan-legan paring pangapunten

sendang kayom witing waru
tirta wening setya tuhu
siniram tumrecep jroning kalbu
ngaturaken wilujeng ndalu

sendang kaputren kinayom alang-alang
kaloka mirasa datan nguciwa
lamun suwala dereng menang
hamenangi kepara nambah jiwa

sendang kapit witing cawang
ngandap puser sinigar alang-alang
katon luweng nalika nyekengkang


Rabu, 05 September 2012

TANPA

tanpa ananing sing akarya jagat
janma kang aran manungsa iku amung sato
kang luwih galak soko simo
luwih srakah tinimbang bangsane segawon
uga wisane ngukuli wisane sawer kang paling ganas

lamun......
krana manungsa kaberkahan
nalar pikir uga kalbu paringane ALLAH SWT
bisa bedakake bener lan salah, becik lan olo

mugi-mugi ALLAH tansah pinaring
kaberkahan rejeki jodo anak putu kang sae dumateng kulo
ugi sederek-sederek pamirsa, AMIEN

Sabtu, 01 September 2012

ANI MURDYANINGSIH

taman santun bale wisma
karya KARDIne janma winasis
linambaran galih yekti MURNI
anglamlami sinawang katon edi

tetuwuh sekar arum ndalu
wening tirta sendang siniram
kaaras tan bisa owah
sanadyan amung sajangkah
nora bakal lali
kapara ngreridu ati
kinarya mring sang maharANI
karipta berkahe haMURTI DYAh heNING SIH