Kamis, 26 Januari 2012

 SUGESTI KEAJAIBAN
sang Hyang Wenang ngaripta jagad uga sak isine maneka warna jenis lan wujude,kabeh mau obah owahe miturut naluri uga kebiasaan pinongko panguripanne,ing dalan uripe nggadang tumibane KEAJAIBAN tansah tumiba marang pribadine,samono uga sato omnivora siji iki kang aran MANUNGSA,ing SUGESTIne pangarep-arepe keajaiban mau moro teka marang pribadine mbuh lagi susah utawa bungah,lamun kabeh mau SAYEKTIne amung ALLAH kang mangerteni
maharANI haMURti DYAh heNING SIH
kardi wuragil pamungkas karya

Minggu, 22 Januari 2012

PANJANGKAMU
angalangut lamun sinawang sayekti
nora karasa wus pirang-pirang warsa
lumaku ing pestine karepMU
titah amung janma sawantah
tan owah sanadyan polah
tinandur becik nora kawistara
tuwuh olo kadawa-dawa
karana rewang karsane ilang
karana lathi tresnane suri
tumrecep driya tumetesing mbun
tumibo karoning kawit jambe
arum sekar kembange pucang
bebungahe aneng njeron kalbu
lamun weruh tan wani ngunduh
mugi Hyang Widi kersa paring pituduh

maharANI haMURti DYAh heNING SIH
KARDI wuragil pamungkase karya
PRASOJO
ojo siro tido-tido mring sapodo-podo
urip iro bakale mundak rekoso
opo maneh ambeg siyo
bakale nemoni lelakonmu soro
prasojo ojo ngoyo wara
trapsila ngugemi tata krama
tanpa ngunggulake pribadine dewe
sing durung pesti penere
catur cinatur hyo diatur
kareben terus nora kalantur
nora demen ngrusak pager ayu
iku tumindak kang saru
duwe ati kang legeno
sanadyan ono sing gawe loro
sambang jagong layat iku mesti
nastiti ngasti-ati ojo lali

Kamis, 19 Januari 2012

ABOTE NYONGGO KATRESNAN
nimas ayu geganthilaning ati
dyah ayu sekar malati
kembange pra priyagung priyayi
uga pra putri widodari
kawiji soko njroning kalbu
sayekti nora amung semu
lamun ndika kang satuhu
ngujiwat ngayem-yemi esemmu
maharANI haMURti DYAh heNING SIH

Sabtu, 14 Januari 2012

COMPLEX
aku lahir dan dibesarkan di negeri yang cantik INDONESIA
keaneka ragaman suku,budaya,agama dan pesona alamnya.....
kerukunan sopan santun masyarakatnya yang tak ada bandingannya,
namun sekarang telah bertambah lagi dengan budaya baru
IRI DENGKI SREI DAHWEN OPE'N

itulah budaya baru yang dikibarkan oleh para SANGKUNI
mbok ya MIKIR...................!!!!!
ora cilik ora gede podo bae.....?????!!!!