Kamis, 20 Oktober 2011

nalikane sliramu win....
cidra marang janji...
opo nora kroso......




Jumat, 23 September 2011

Jumat, 16 September 2011

gonjang ganjing donyane oleng, wong gede dadi maling, wong cilik awake garing, sing eling nora pangling,

Jumat, 12 Agustus 2011

SUGIH

sepo sepaning sesepan sepah,
ngasepah semeleh karana sepuh,
ngasepuh seserapane ngudi kawruh,
ngawruh weruh ilening warih,
ngarih-arih tan gawe galih,
menggalih nora gadah pamrih,
amrih becik uga resik,
reresik e sukma lan raga,
ngaraga lakune kareben mulyo,
kamulyan e nora sugih bondo,
bebandane sedulur uga konco...

Selasa, 02 Agustus 2011

dik MENTHUL

Tembange sekar kidung katresnan,
titilarase nglaras rasa,
anglelipur buneke kalbu,
ing satengahe ngara-ara,
sepi....kasepen jati

suwung ing tengahe kluwung
mbambung rinante petenge mendung
ngadang-adang ngawe kadhang
peparinge mawa angah-angah
janma kakala malah bungah

Jumat, 03 Juni 2011

SEPO.....thul !!

sepo tanpa japa...
sepi datan jampi...
mamring rasaning driya...
garing jroning ati...
kataman jemparinge rasa...
sliramu ngilang apa lali...?!

Rabu, 04 Mei 2011

sang malam


pa kabar malam..........?!

mengapa gelap selalu menyelimutimu...?

kemanakah rembulan bersinar terang..?
...
tetap setiakah bintang menemani...?

wahai kau malam........?!

mangapa kau muram...?

ada apa gerangan...?

nampak mendung diwajahmu,

menitikkan rintik air hujan....