Senin, 22 Agustus 2022

Tanpa judul

*PELAJARAN AGAMA* "Bocah-bocah sopo sing gelem mlebu suwargo?", Bu Guru miwiti pitakonan. "Kulo, buuu....", bocah-bocah podo bengok karo ngacung. Lha koq mung Mukidi thok sing meneng wae. "Terus sopo meneh sing gelem mlebu suwargo? Hayo ngadeg! ", bu guru neruske. Kabeh bocah-bocah podo ngadeg, bola-bali mung Mukidi thok sing tetep meneng wae. "Di.. Mukidi, opo kowe ora gelem mlebu suwargo?" Bu Guru nyoba takon kanthi rodho banter suarane. "Inggih purun, bu " wangsulane Mukidi, lirih karo rodok wedi. "Terus ning opo kowe kok ora ngadeg?" "Lha... nopo ajeng bidal sak niki tho, Bu ????" Dasar bocah .... Gurune njur melu rada mrinding krungu wangsulane Mukidi..... 😁😁🤣😁😁😜

Tidak ada komentar: