Senin, 22 Agustus 2022

Woting ati

 Woting ati.....

Mung sira wong merak ati...
Dasar kewes...
Gandes luwes sak solahe...
Cun`dhuk sekar mlathi
Ngambar arum amrik wangi...
Ngagem rimong plangi
Wimbuh anggre`sepe ati
Pacak`e... tindak`e..
Kaya macan luwe...
Blarak sempal lembehane.e e...
Dadi lan pantese
Angan`dika arum..
Gumebyar katon tejane...
Tledhak tledhok sareh
Amim`buhi ngujiwate
Kang pindha.. mustika...
Sak`iba endahe.. ing panggodha
den santosa..a a...
Trus lahir bati..ne...

Tidak ada komentar: